Semar Mesem Romo Mendem 14. Ayo Ngguyu

aku lapar kau beri aku makan pelor
kau kira aku aku mati ke angkasa
kau terbang dalam meteor
kumasukkan hidup bintang dan bulan dalam rohku
dan ketika kembali ke bumi dan dapat lagi aku menyusui anakku
bukan hanya dengan sepasang buah dada
tapi dengan ribuan tetek bidadari surga

kau lumpuhkan kakiku
kau kira ku tak dapat lagi menyangga atap rumahku
gajah itu memberikan kakinya padaku
aku jadi lebih kuat dari pada dulu
kini ada padaku, semua itu, kaki bagai tiang kokoh
menyangga hidup yang tak akan pernah roboh
jangan kau pikir aku ini orang bodoh, orang bodoh

ayo, ayo ngguyu hahaha
ayo, ayo ngguyu hahaha

aku tertawa maka aku ada, ayo ngguyu ha ha ha ha
hidup ini hanya mampir ketawa, ayo ngguyu ha ha ha ha

dan kau tulikan telinga, tulikan telinga, tulikan telingaku
kau kira ku tak dapat mendengarkan rasa dan kata yang keji darimu
kau wujudkan tempelkan kelopak sang bunga kepala di kanan dan kiri
kau berikan telinga bagaikan berhelai mawar dan melati
shhh...
kau memaki, memaki, dan lagi, dan lagi dan aku menjadi makin tak mengerti
katamu yang keji walaupun lembut tapi melecut, membungkam mulut
kau berpikir tak mungkin tersindir, diriku menertawakanmu
kau pun tak tahu mulutku tak hanya satu tapi seribu

yeah.. kau butakan mataku
kau kira aku tak dapat melihat
aku melihat dengan mata garuda
tak hanya dua tapi empat
dengan lebih jeli kulihat dirimu yang jahat
tersembunyi dalam setiap geliat maksiat laknat
dan kau potong tanganku
kau pikir aku tak lagi melukis
tanganku pidah ke kaki yang bisa makin bengis
menelanjangi kedok kekejamanmu yang sadis

ayo, ayo ngguyu hahaha
ayo, ayo ngguyu hahaha

aku tertawa maka aku ada, ayo ngguyu ha ha ha ha
hidup ini hanya mampir ketawa, ayo ngguyu ha ha ha ha

dan kau bungkam mulutku, bungkam mulutku
kau kira tak dapat aku tertawakanmu
jangan lupa mulutku, lupa mulutku
mulutku tidak hanya satu, tapi seribu

dan kau bungkam mulutku, bungkam mulutku
kau kira tak dapat aku tertawakanmu
jangan lupa mulutku, lupa mulutku
mulutku tidak hanya satu, tapi seribu

bim bim salabim, abrakadabra, aku berfikir maka aku ada
bim bim salabim, abrakadabra, aku tertawa maka aku ada

bim bim salabim, abrakadabra, aku berfikir maka aku ada
bim bim salabim, abrakadabra, aku tertawa maka aku ada

aku tertawa maka aku ada, ayo ngguyu ha ha ha ha
hidup ini hanya mampir ketawa, ayo ngguyu ha ha ha ha

Semar Mesem Romo Mendem 13. Sembah Raga

dudu sembah sukma
dudu sembah rasa
nanging aku arep nglakoni
nglakoni sembah raga


ragaku iki sukmaku, ragaku iki rasaku
kowe kena ora nggugu ning aja maido aku
sukma iku semar, rasa iku samar
dadi wong sing sabar, aja waton sangar

ning aku ra bakal tekan liwat dalan samar
merga kahanan saiki rekasa diudhar
yen aku ora tekenan ragaku sing kasar
lan uga tansah kelingan tinemu ing nalar

ragaku dudu pepalang lan dudu alangan
mula ragaku tak eman njaga kasarasan
ragaku iku dalaning nggayuh kasampurnan
ninga dudu kasampurnan urip kang nyembah kadonyan

dudu sembah sukma
dudu sembah rasa
nanging aku arep nglakoni
nglakoni sembah raga


alusing sukmaku, coba tak rogohe
supaya isa ngrogoh, kepiye carane
yoiku dadi raga, ngrogohe ning kene
ngrogoh sukma dadi raga yoiku tegese

raga sok kesasar, kudu wani sabar
agal kasar sabar, kudu wani badhar
raga cilik ringkih, ojo sok gumedhe
kudu ngati-ati, ben apik wekasane

sukma arep tak rogoh, ragaku sing tak trima
aja dha seneng goroh, lan tumindak culika
karepe ngrogoh sukma, malah nemoni raga
yo uwis ora papa, kuwi tetep tak tampa


dudu sembah sukma
dudu sembah rasa
nanging aku arep nglakoni
nglakoni sembah raga


asor sing, tegese, kaandhapasoran
sukma singaluhur, sukmaning kamulyan
bakal luhur mulya yen isa legawa
ora bakal mulya yen mung dha sulaya

dalan kamulyan, nyirik kadonyan
jo nganti doyan, rugining liyan
rasah dipingin, rasah dipangan
golek katresnan, ngayuh kaswargan

tak rogoh, sukmaku, tak trima, ragaku
ragaku, yaiku, aku lan, nepsuku
aku nemu sukma, sing tekenan raga
ya kuwi, sakjane, sejatining rasa

Semar Mesem Romo Mendem 12. Jula Juli K-Pop

pengen gingseng anane klapa
bareng diombe marai lega
jare gangnam kok mangane tela
macak K-Pop kok jebule jawa

mangan bothok godhong tela
kodhok kongkang mie pinagsia
aku kemropok atiku gela
jaran kepangku dipek malaysia

jaran kepang, warisane nenek moyang
mula kudune dirumat lan disayang
pirang-pirang abad dadi kesenian rakyat
menghibur wong susah wong cilik lan melarat

kabeh seneng-seneng lali susahe
jarane kesurupan lali utange
di negeri sendiri tanpa aji
bareng dimaling kabeh sok peduli

jaran kepange nganggur dadi TKI
mentrine kesurupan malah ngimpor sapi
sapine sipit tur jenggotan
jaran kepangku sayang sungguh malang

pengen gingseng anane klapa
bareng diombe marai lega
jare gangnam kok mangane tela
macak K-Pop kok jebule jawa

awan-awan nonton jathilan
sing main ndadi mangani kembang
dadak pitike disosor pawang
pawange ndadi melok kesurupan

saiki kabeh padha latihan
latihan tari karo do senam
sename senam gayane gangnam
uwong-uwong padha kedanan

ana arek rupane ayu
bluse ketat wernane biru
kacamata ireng entas tuku
rokke cekak pamer pupu

areke seneng temenan
mlumpat-mlumpat style gangnam
tangane obah dhut-kedhutan
rasane kaya numpak jaran

jarane dudu kepang
impor jenenge gangnam
gaya K-Pop koreanan
rambute dicet abang

tambah suwe tambah rame
areke wedok pececa-pecece
deleweran metu kringete
lambene pucet ilang gincune

srengengene lunga saka wetan
tambah dhuwur tambah awan
areke kepanasan
cucul klambi ora tahan

ketok BH-ne abang
areke kesurupan
jare kesurupan gangnam
kok ndadine jaran kepang

pengen gingseng anane klapa
bareng diombe marai lega
jare gangnam kok mangane tela
macak K-Pop kok jebule jawa

jarane mlayu ninggal lapangan
cepet-cepet menyang prapatan
mumpung bangjone rung murup abang
areke nggabung klompok jathilan

ndadine gangnam kok njaluk krupuk
ngremus ngetemel muni kriyak-kriyuk
terus goyange kok ngenak-nyenuk
nyakoti sajen, sajen jeruk purut

nggawa batok lambene nyatis
njaluk duwit ro nylekutis
wong sing nonton padha meringis
jare K-Pop malah ngemis

lampu bangjone uwis meh abang
do jaga-jaga arep ninggal prapatan
maune nggayane tarine gangnam
jebule saiki ngringik njaluk saweran

tambah ndadi BH-ne mlorot
warnane abang pating pecothot
uwing sing nonton matane mlotot
themone ndhodhok rokke meh copot

arep gangnam apa jathilan
nek ndadi kabeh dha mekangkang
mbuh jawa apa korea slatan
nek ndadi yo dhemit jaran

mulane aja dha gumunan
gangnam iku mek jaran kepang
nek kabeh dha kesurupan
narine gangnam kaya wong edan

bareng sadar bocahe njaluk bali ning korea slatan
diterke mulih ngetan
jebul omahe mung pasar kembang

pengen gingseng anane klapa
bareng diombe marai lega
jare gangnam kok mangane tela
macak K-Pop kok jebule jawa

Semar Mesem Romo Mendem 11. Suwukan Jaran Kepang

sang lindung, aku ora duwe ingkung
sang lindung, aku aja digawe bingung
kaki danyang, nini danyang
jaran kepangku balekna ngandhang

e... jaran putih ngalor mlayune
jaran abang ngidul mlayune
kae... jaran kuning ngetan mlayune
jaran ireng ngulon mlayune

sliramu sing nyekel pecute
jo malah kegeret mlayune jarane

aja padha keseret ngalor lan aja padha keseret ngidul
aja padha keseret ngetan lan aja padha keseret ngulon
sing mencit methithit
langener ing langit
manunggal marang pangeranmu
muliha menyang kandang
yaiku keblat papat thukul lima pancermu

sang lindung, aku ora duwe ingkung
sang lindung, aku aja digawe bingung
kaki danyang, nini danyang
jaran kepangku balekna ngandhang

rem.. jaranmu tansah merem
mung sliramu sing weruh ana ing tuju
we.. jaranmu tansah luwe
mung sliarmu sing weruh ana ing wates
su.. jaranmu tansah nepsu
mung sliramu sing weruh ana ing prelu

yen gelem diseret jaranmu
ngluwihi tujumu, watesmu lan prelumu
sira bakal ora weruh ing tuju

ora weruh ing wates
ora weruh ing prelu
tujumu, watesmu, prelumu
yaiku tetelu, keblat begjane uripmu

sang lindung, aku ora duwe ingkung
sang lindung, aku aja digawe bingung
kaki danyang, nini danyang
jaran kepangku balekna ngandhang

amek banyu apepikulan warih
jaranmu iku jaran banyu
aja numpak yen sliramu
durung weruh segering banyu

amek geni adedamaran
jaranmu iku jaran geni
aja numpak yen sliramu
durung weruh padhanging geni

apa kang ginayuh ing wektu
bakal kasembadan yen sliramu
apepikulan segering atimu
lan dedamaran padhanging budimu

sang lindung, aku ora duwe ingkung
sang lindung, aku aja digawe bingung
kaki danyang, nini danyang
jaran kepangku balekna ngandhang

sang lindung leyang arane kepang
sang lindung kidang arane jaran
ajiku si waringin sungsang
kinubeng ing kumbala geni

pyur ilang dadi banyu putih
wujud tunggal waluya jati
sira muliha nang negaramu
ing watu kayu iku

mutmainah jaran putihmu
lumepasna kakeremanmu
amarah jaran abangmu
singkirna angkara murkamu
supiyah jaran kuningmu
tebihna alane gegayuhanmu
aluamah jaran irengmu
luwarna srakahe wetengmu

sang lindung, aku ora duwe ingkung
sang lindung, aku aja digawe bingung
kaki danyang, nini danyang
jaran kepangku balekna ngandhang

Semar Mesem Romo Mendem 10. Cintamu Sepahit Topi Miring

Sengkuni leda-lede
Mimpin baris ngarep dhewe
Eh barisane menggok
Sengkuni kok malah ndheprok
nong, nong ji, nong ro
nong, nong ji, nong ro

Senja di desa Baron
Matahari tenggelam di dalam kemaron
Lembu betina lari melompat-lompat
Dikejar-kejar anaknya yang kecil meloncat

Senja lucu dengan kasih sayang ibu dan anak
Langit senja mengandung sapi beranak
Terpesona Ranto melihat, ia tertawa bergelak
Dan berubah jadi Ranto Gudel, sang pelawak

Dadi Marmoyo, di panggung ketoprak
Ranto Gudel, meminum arak
Terendam di dalam ciu
Birahinya berubah jadi biru

Diajaknya Nyai Dasima bercinta
Dengan cinta sepahit Topi Miringnya
Layar dibuka, turun hujan gembukan
Dewi Mlenuk jembuk datang

Membawa seguling roti cakwe
Marmoyo rebah terguling tidur
di pangkuan Nyai Dasima
Yang sekeras ciu cangkol buah dadanya

Ke mana Ranto Gudel pergi
Panggung selalu harum dengan arak yang wangi
Di Sriwedari jadi petruk
Garengnya diajak mabuk
Begongnya menggeloyor
Semar jualan ciu cangkol
Dengan terang lampu semprong
Pak Mloyo memukul kenong
nong ji, nong ro nong ji nong

Sengkuni leda-lede
Mimpin baris ngarep dhewe
Eh barisane menggok
Sengkuni kok malah ndheprok
nong, nong ji, nong ro
nong, nong ji, nong ro

Giginya ompong menggerong
Ranto Gudel Mendehem nyungsep
Thuyul gundhul ke sana sini mengempit gendul
Gendruwo thela-thelo, tampak loyo
Jlangkong jalannya miring-miring eh! dhoyong

Belum selesai menabuh
Nong ji, nong ro
Pak Mloyo terguling ke Bengawan Solo
Dengan irama alunan nong ji, nong ro
Pak Mloyo pulang, jalannya geloyoran

Sengkuni leda-lede
Mimpin baris ngarep dhewe
Eh barisane menggok
Sengkuni kok malah ndheprok

Ranto Gudel meminum arak bekonang
Mengantar gadis pulang, berdandan bidan
Roknya putih, bajunya putih
Serba putih, lebih daripada peri

Tiba di pinggir kali
Ranto Gudel diajak belok ke kiri
Dhemit elek a'u tenan!
Ngumpat Ranto Gudel geram

Ia marah terendam arak bekonang
Hampir saja aku bercinta dengan setan
Cinta manusia seperti Umbul Beking
Dulu bening, sekarang keruh
Ranto Gudel dengan empat istrinya
Tak pernah abadi cintanya

Sengkuni leda-lede
Mimpin baris ngarep dhewe
Eh barisane menggok
Sengkuni kok malah ndheprok
nong, nong ji, nong ro
nong, nong ji, nong ro

Memang enak jadi wedhus daripada manusia
Bila mati, dikubur di gundukan tanah
Kepalanya dikencingi wedhus yang merumput
Nasib manusia, hanya sengsara,

Oh mengapa kita, mesti bersusah?
Coba hiduplah seperti Ki Joko Lelur
Siangnya melamun me-minum limun
Malam beranjak bangun, minum berminum

Lapen ciu cangkol arak bekonang dibuang
Botol cangkol dipasangnya setiap sudut rumah
Apa guna 'tuk takut tikus-tikus rupanya

Oh mengenang bayangan di masa tuanya
Ciu cangkol hanyalah spiritus tuk usir tikus
Padahal dulu ku meminumnya sampai mampus

Sengkuni leda-lede
Mimpin baris ngarep dhewe
Eh barisane menggok
Sengkuni kok malah ndheprok
nong, nong ji, nong ro
nong, nong ji, nong ro

Sengkuni leda-lede
Mimpin baris ngarep dhewe
Eh barisane menggok
Sengkuni kok malah ndheprok
nong, nong ji, nong ro
nong, nong ji, nong ro

Semar Mesem Romo Mendem 09. Jula Juli Prek

Makan sepiring tuk berdua…Prek!
Hati-hati sama mertua…Prek!
Banda entek tetep kucinta…Prek!
Kucinta kamu selamanya…Prek!

Urip bebrayan nek iso ojo nganti pisah
Setia sampe mati hati janganlah terbelah
Mangan ora mangan suka maupun duka
Kudu tansah iso ditanggung bareng berdua
Koyo mengkono jare wong urip bebrayan
Harapane sok beda karo kenyataan

Kasunyatane akeh sing padha pegatan
Disiarke ning TV dadi tontonan
Gegaraning wong akrami dudu banda dudu rupa
Amung ati pawitane pisan luput pisan kena
Yen gampang luwih gampang, yen angel luwih angel
Tan kena tinumbas arta utawa raja brana

Makan sepiring tuk berdua…Prek!
Hati-hati sama mertua…Prek!
Banda entek tetep kucinta…Prek!
Kucinta kamu selamanya…Prek!

Makan sepiring tuk berdua…Prek!
Hati-hati sama mertua…Prek!
Banda entek tetep kucinta…Prek!
Kucinta kamu selamanya…Prek!

Wis suwe aku dadi bojomu
Saben bengi pengen tak rogoh sukmamu
Jebul sing tak rogoh kok mung ragamu
entek ambeganku durung nemu sukmamu
Endi sukmamu kene tak cekele
Sumangga njenengan pek sakabehe

Kuwi-kuwi meneh sing mbok wenehake
Lambe, gulu, githok, geger, awak sakenteke
Ngopo aku ra iso mlebu sukmamu
Isane mung mlebu ning ragamu
Mula aku ra tau kelangan awakmu
Kowe ilang, sewu raga iso tak temu

Makan sepiring tuk berdua…Prek!
Hati-hati sama mertua…Prek!
Banda entek tetep kucinta…Prek!
Kucinta kamu selamanya…Prek!

Makan sepiring tuk berdua…Prek!
Hati-hati sama mertua…Prek!
Banda entek tetep kucinta…Prek!
Kucinta kamu selamanya…Prek!

Petruk selak kebelet kenceng kucire
Godhonge tebu cuil disosor meri
Selak ngempet ketemu karo bocahe
Bareng ketemu lha kok duitku keri
Ngoyak layangan nganti suwek kathoke
Jebul layangan teles tiba ning kali

Sir-siranku wis lunga melu sing duwe
Nyambut gawe neng adoh dadi TKI
Semua masalah mari cepat dibasmi
Pikirkankanlah jangan sampai rugi sendiri
Jika ada kata salah maafkan kami
Sampai jumpa lagi nanti di lain hari

Makan sepiring tuk berdua…Prek!
Hati-hati sama mertua…Prek!
Banda entek tetep kucinta…Prek!
Kucinta kamu selamanya…Prek!

Makan sepiring tuk berdua…Prek!
Hati-hati sama mertua…Prek!
Banda entek tetep kucinta…Prek!
Kucinta kamu selamanya…Prek!

Makan sepiring tuk berdua…Prek!
Hati-hati sama mertua…Prek!
Banda entek tetep kucinta…Prek!
Kucinta kamu selamanya…Prek!

Semar Mesem Romo Mendem 08. Oh Tulkiyem Ayu

Oh, tulkiyem ayu
Areke lemu asale batu

Oh, tulkiyem ayu
Rupane sumeh ngguya-ngguyu

Oh, tulkiyem lemu
Numpak dokar jarane telu

Oh, tulkiyem lemu
Doyanane lonthong tahu


Oh oh tulkiyem lucu cu
Tukune tempe pe kok njaluk tahu tahu tahu

Oh oh tulkiyem lucu cu
Andhok angsle sle enteke sewu sewu sewu

Tulkiyem seneng menang meneng atine tentrem
Tulkime seneng uripe abot gak tau nggremeng

Tulkiyem kenes gelak gelek digoda kernet
Tulkiyem kenes tapi areke gak tau mrewes

Bokong gedhe mendat mendut
Sing ngawasi kedat kedut
Oh oh oh oh tulkiyem gendut 2x

Wangi aduse neng kali
Sabunane seger cap manuk sriti
Ati ati mengko ana sing ngawasi
Oh tulkiyem wangi

Oh, tulkiyem ayu
Areke lemu asale batu

Oh, tulkiyem ayu
Rupane sumeh ngguya-ngguyu

Oh, tulkiyem lemu
Numpak dokar jarane telu

Oh, tulkiyem lemu
Doyanane lonthong tahu


Wo o tulkiyem kesel
Awake linu rasane pegel
Wo o tulkiyem kesel
Nanging atine ra tau mangkel

Wo o tulkiyem dekik
Hiburane wong kampung Hendrik
Wo o ra tau susah
Senajan ra duwe duit

Tul tul tulkiyem singset
Lemu tur ra kletat kletet
Tul tul tulkiyem singset
Glegas gleges uripe ulet

Tul tul tulkiyem mletik
Ati apik awak resik
Tul tul tulkiyem mletik
Ra tau medhit ro dhuwik

Pluk nyempluk nyempluk
Cilikane doyan gethuk
Pluk nyempluk nyempluk
Awake sehat ra tau watuk

Ngir mbangir mbangir
Teka bangil njangan menir
Ngir mbangir mbangir
Disir wong sugih areke gak naksir

Tulkiyem eblas
Kepanasen kipas kipas
Tulkiyem eblas
Gak sugih bandha ati bebas

Tulkiyem medut
Nek mijeti mendat mendut
Tulkiyem medut
Nang awak sedhut senut

Oh, tulkiyem ayu
Areke lemu asale batu

Oh, tulkiyem ayu
Rupane sumeh ngguya-ngguyu

Oh, tulkiyem lemu
Numpak dokar jarane telu

Oh, tulkiyem lemu
Doyanane lonthong tahu


Bunder muter muter dodolane lemper
Areke gak duwe nanging ora minder
Tambah montok bodi semok
Tulkiyem mlerok ondhe ondhe diemplok

Rik rik mlirik
Nduwe pitik ulese blirik
Rik rik mlirik
Numpak cethul mangan rawon brintik

Bar sabar
Munggah bulan numpake dhokar
Bar sabar
Uripe nrima ra nyasar nyasar

Oh tulkiyem ayu
Oh tulkiyem lemu
Oh tulkiyem lucu

Hok yah hok ya hok ya

Tuku jemblem neng yu tulkiyem
Atur kawula cekap semanten

JHF

--------> Jogja Hip Hop Foundation Blog <--------

Owner

"Created By : Adhie Van Ferrinas"