JHF - 04. Ora Cucul Ora Ngebul

Download Song Versi 1

Download Song Versi 2

Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

Petruk bingung ngekep bojone
Pikiran nglamun eling gendakane
Pancen kadhung rusak negarane
Mulo ojo gumun nek rakyate kere

Nek wong sugih le gendakan neng hotel sing larang
Bermain cinta lupa daratan ra konangan
Nek wong kere le gendakan neng hotel murahan
Durung nganti anget kena razia kisinan

Nek wong gedhe konangan selingkuh malah kondhang
Nek wong cilik sing konangan diarak telanjang
Opo koyo ngene jeneng negara berjuang
Segala sesuatu ditentukan dengan uang

Padha-padha gendakan hukume dhewe-dhewe
Pancen hukum kuwi gendakane wong-wong gedhe
Wong cilik kerja sengsara ninga tetep kere
Wong gedhe kemaki urip sak karepe dhewe

Lirak-lirik karepe ngejak turu kelonan
Koalisi politike mung perselingkuhan
Beras larang minyak mundhak ra karu-karuan
Politike nglambrang mung ribut ngurus gendakan

Mulo ojo munafik koyo wong-wong politik
Dadio wong seni kritis peduli ro wong cilik
Wong politik munafik ra gelem nampa kritik
Geleme nampa duit cacahe ra sethithik

Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

Ono kancaku pelukis kluyuran bengi-bengi
Pamite lungo jare arep golek inspirasi
Neng ndalan ketemu karo themon bodyne sexy
Kenalan terus gelem digambar ra nganggo klambi

Bar digambar themone seneng ora karuan
Saking senenge nganti gelem dijak kelonan
Cepet-cepet gage dha golek hotel murahan
Lagi krusak-krusek lha kok yo ono gropyokan

Sing nggropyok polisi numpak pickup bakul kursi
Tanpa basa-basi kabeh kamar disatroni
Banjur dilumpukke dha kon antri siji-siji
Kabeh digeledhah nek ana sing nyalawadi

Polisi muni anda telah berbuat royal
Itu artinya anda sudah melanggar moral
Pelukise takon opo moral iku mural
Nek cen kuwi aku ngerti ayo gek ndang budhal

Moral itu adalah tata susila
Siapa yang melanggar akan kena razia
Pelukise takon opo to tata susila
Opo podho karo wanita tuna susila

Polisine muni kepiye nek damai wae
Damai kuwi artine wani piro mbayare
Pelukise nyaut durung perang kok wis damai
Wong durung telanjang lha kok wis digawe rame

Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

Akale wong lanang nek dolan neng pasar kembang
Gawe alasan golek aman ben ra konangan
Politik saiki cen seneng maen belakang
Njabane resik jebul njerone selingkuhan

Lumpur lapindo metune seko sidoarjo
Bojo loro, kabeh kok seneng nggodha
Wis merdeka, sih ono kumpeni londo
Nembaki rakyat, rakyat neng alastlogo

Nganggo tank top, mlaku neng pasar bantul
Sangu kates, katese mental-mentul
Rakyat ditembak, ditembak betul-betul
Tapi jare kena peluru mantul

Buah langsep, tuku regane larang
Montore nyungsep, nyungsep neng njero kotang
Negara lemes mergo kakean utang
Bandhane ludhes sing nilep kok dho ilang

Manuk podhang mabur mlebu kurungan
Gage dikancing nganggo gembok kuningan
Ra entek-entek, leh-ku seneng gendakan
Nganti modar, nganti tekan kuburan

Kadhung remen, ceweke cak paimo
Cekap semanten, niki atur kawulo
Ono kupat kecemplung neng njero santen
Menawi lepat kawula nyuwun ngapunten

Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

4 comments:

Posting Komentar

JHF

--------> Jogja Hip Hop Foundation Blog <--------

Owner

"Created By : Adhie Van Ferrinas"