JHF - 09. Sinom 231 Serat Centhini

Download Song

Lingsir wengi sepi durung bisa nendra
Kagoda mring wewayah ang reridu ati

Atapa jroning sarira, sadina-dina gung brangti, datan nana katingalan, sarirane dentangisi, tansah deneling-eling, solahing raga denentung, marganing aneng donya, ciptaningsun lir angimpi, kemang ireng uripku saking sihira…

Marmaningsun aneng dunya, dhapur sira ngandikani, tansah ing raga winangwang wang, among winong sih-ngasihi sih, tansah sih asinung sih sih…

Yen tan ana ananira, mangsa ana ing dumadi…
(Yen tan ana ananira)

Kawitane mung sembrana njur kulina
Ra ngira yen bakal nuwuhke tresna

Apa ing sasolahira, ingsun iki aja keri, sanadyan mora pyuyika, tan na toleh lara-pati, sakarsa mamaesi, saking sira merganingsun, wulu-ningsun salembar, apan sira kang darbeni, tranging nala karsaningsun karsanira.

Yen ta sira amisesa, kasanta jroning karonsih, tunggal saraga jiwa, tunggaling karsa pinanggih, tunggal sapati urip, punapa ta rupanipun, nalar sirna dening panrima…

Yen tan ana ananira, mangsa ana ing dumadi…
(Yen tan ana ananira)

Lingsir Wengi..

Rina wengi sing tak puji aja lali
Janjine muga bisa tak ugemi

0 comments:

Posting Komentar

JHF

--------> Jogja Hip Hop Foundation Blog <--------

Owner

"Created By : Adhie Van Ferrinas"