Rotra - Kulonuwun

Yeah Rotra..
Yeah Rotra, Rajapati..
Yeah Back Again..

Nderek langkung nuwun sewu
Njaluk donga lan restu ji, ro, lu
Aku tak nyoba melu mlebu
Nek ora entuk mengko tak gajul matamu, prek su

Coba rungokna, apa sing tak kandhakna
Nek ora seneng kono kowe dha minggata
Aku ra ngurus kowe arep omong apa
Rasah dha kemlinthi aku ra wedi
Nek perlu kowe mengko tak antemi, yea..

Jarene wis ra sudi, kok isih dha ngrasani
Kanca-kanca sing arep dha mulai gapi
Arep mbok arani aku wagu yo karepmu, kuwi hakmu
Mangsamu nyothe apik dhewe ngono po su

Rajapati, ra tau wedi, ngadhepi sesumbarmu sing sajak nggegirisi
Apa padha ra ngerti yen ning kene ono MC
Sing ra tau mati, nggulowenthah hip-hop tekan saiki yo..

Iki gatra sing angka siji, seka aku rasah dha meri
Melu rotra kabeh ra bakal rugi aku ra ngapusi
Ayo dadi siji ngadhepi mungsuh-mungsuh sing saya kemaki
Mugi gusti ngapurani, kawula alit sing kebak dosa iki
Yo ki ageng gantas, gek ndang di brantas wis saya panas
Sumangga kersa dipun babat tuntas

Kula nuwun kula badhe nglantun, aken tembang saking lebeting manah
Sampun kakean polah mangga sami jumangkah
Sami nyelak mboten pareng ribut mangkih ndak dhawah
Sumangga sami mireng nanging kedah sing anteng

Lho.. Kok anteng pun mangga sami jumeneng
Sumangga sareng-sareng, kaliyan kula lan sedaya ingkang saweg pesta
Wonten dinten menika mboten pareng crah sulaya
Supados kawontenan tansah tentrem, adem, ayem
Ati marem, mesam-mesem lan sumringah ugi bungah

Menawi mboten pitados kulo aturi minggat
Sedaya ingkang ten riki aget tumindak nekat
Pun mas Mboten iso aten-atenan bablas

Bablas, menapa milih babak bundhas
Kok njenengan kendel tenan nopo pun duwe cekelan
Kok wantun eyel-eyelan nopo pancen ampuh tenan
Lho niko wadyabala kula sampun sumadya

Matek aji, gaman sami, dipun unus ing ngarsa
Menawi mekaten mangga sinten badhe ngendika
Kula ki ageng gantas sampun cekap atur wicara

Yeah Rotra, Rajapati, Ki Ageng Gantas, Brantas Tuntas

Download Song

6 comments:

Anger29 mengatakan...

Diantara lagu JHF/Ki Jarot ini lagu yang paling apik menurut kulo. Ono unsur core-nya. Apik la pokoke...manteb eram..

Ki Jarot mengatakan...

matur nuwun mas..
selamat dinikmati lagunya.. :D

Shogunfai mengatakan...

manteb mazz,, nggawe sing koyo ngéné iki manéh maz,, uapik poolll,,

Ki'Bledexz mengatakan...

like gan..

Unknown mengatakan...

Rotra luurr!!

Unknown mengatakan...

Josss

Posting Komentar

JHF

--------> Jogja Hip Hop Foundation Blog <--------

Owner

"Created By : Adhie Van Ferrinas"