Rotra - VS

[VERSE I]

:: Rajapati ::

iling wayahe surup dab aja do dolanan
omonge wong tuwo jarene ndak klebon setan
ana wektune nggo dolan lan nggo gegojekan
percoyo wong tuwo mengko ndak dho kesurupan
pisan-pindo wong tuwo ngandani - lha
dasare bocah wis dho wani njur poya themi - wis
wayahe surup, entek njur bengi -lho
khudune dha sinau -poyo dha lali

:: Wisanggeni ::

jamane ndisik wis bedho ro jamane saiki
ngendi bocah wis do lali ro sik nduwur kuwi
wayahe maghrib kok malah do mlayu nang ngendi
nganti wong tuwo wis dha kesel le dha ngandani
wis kaya ngene lek ndonyo kuwalik
delok'en mripate wong tuwo wis podho mendelik
ilingen awakmu dewe mengko ndak dho kecelek
mengko ndak dha kecelik mengko ndak dha digitik

REFF:
mbok aja ngono le - ja nggawe dosa
nek nyothe neka-neka wong tuwa rekasa
yo..!!
ja padha ngeyel le - karo wong tuwa
awas ati-ati mengko nyothe cilaka

mbok aja ngono le - ja nggawe dosa
nek nyothe neka-neka wong tuwa rekasa
yo..!!
ja padha ngeyel le - karo wong tuwa
awas ati-ati mengko nyothe cilaka

[VERSE II]

:: Rajapati ::

wis-dha ra tau nggagas mangan we nggragas
opo meneh nek dikongkon kabeh dha mlethas
wong tuwo dha mumet anake nggawe ruwet
lha kareppe wong tuwo ki anake bek slamet
ning dasare bocah-bocah saiki
kareppe piye we wong tuwo yo ra ngerti
pingine bocah ki yo kabeh dituruti
ning mbok yo iling su duwite seko ngendi

:: Wisanggeni ::

heh-heh nek ngomong ki yo mbok ra misuh
bocah saiki ki nek ngomong kok dho rusuh
dolan ro gali pa ya? dha lotse pa ya?
omongane kancane di [ya ya ya]
nek kahanan wis kaya ngene ki lha piye
wong tuwo ngendhika lha bocah ki dha nglimpe-je
wah jan - wong tuwo dadi mumet tenan
mikirke bocah - anake le dha edan

REFF:
mbok aja ngono le - ja nggawe dosa
nek nyothe neka-neka wong tuwa rekasa
yo..!!
ja padha ngeyel le - karo wong tuwa
awas ati-ati mengko nyothe cilaka

mbok aja ngono le - ja nggawe dosa
nek nyothe neka-neka wong tuwa rekasa
yo..!!
ja padha ngeyel le - karo wong tuwa
awas ati-ati mengko nyothe cilaka

[VERSE III]

:: Wisanggeni ::

pancen pagob - pemad - bocah nek kumat
kumat le edan kabeh kabeh disikat - dab
ra tau mikir ning isane mungkir - lha
nek uwis nesu gremengan kaya gangsir
wayahe awan dha turon - gletak'an
lha dasare kalong nek bengi dha lek-lek'an
dha kumpul karo kanca-kanca ning buk wetan
genjrang-genjreng gitaran nyara kurang gawean

:: Rajapati ::

ora mung kuwi yo nek arep ngerti
nek ana lotse dha dasun siji-siji
kabeh urunan - dinggo asik-asik'an
mung nggo tuku lotse sing regane murahan
ana wayahe wong tuwa ki nek muntab
bocah di jeweri - digitik'i - kampleng [plak-plak]
nganti akhire bocah-bocah dha nggugu
ngendika wong tuwa ki sing ala rasah ditiru

REFF:
mbok aja ngono le - ja nggawe dosa
nek nyothe neka-neka wong tuwa rekasa
yo..!!
ja padha ngeyel le - karo wong tuwa
awas ati-ati mengko nyothe cilaka

mbok aja ngono le - ja nggawe dosa
nek nyothe neka-neka wong tuwa rekasa
yo..!!
ja padha ngeyel le - karo wong tuwa
awas ati-ati mengko nyothe cilaka

mbok aja ngono le - ja nggawe dosa
nek nyothe neka-neka wong tuwa rekasa
yo..!!
ja padha ngeyel le - karo wong tuwa
awas ati-ati mengko nyothe cilaka

mbok aja ngono le - ja nggawe dosa
nek nyothe neka-neka wong tuwa rekasa
yo..!!
ja padha ngeyel le - karo wong tuwa
awas ati-ati mengko nyothe cilaka

Download Song

2 comments:

gadhang 7777777 mengatakan...

ijin copas nggeh..
mathur nuwon..

Ki Jarot mengatakan...

silahkan saja.. :D
jangan lupa cantumin sumber, biar banyak yang mampir kesini.. hehe..

Posting Komentar

JHF

--------> Jogja Hip Hop Foundation Blog <--------

Owner

"Created By : Adhie Van Ferrinas"