Semar Mesem Romo Mendem 11. Suwukan Jaran Kepang

sang lindung, aku ora duwe ingkung
sang lindung, aku aja digawe bingung
kaki danyang, nini danyang
jaran kepangku balekna ngandhang

e... jaran putih ngalor mlayune
jaran abang ngidul mlayune
kae... jaran kuning ngetan mlayune
jaran ireng ngulon mlayune

sliramu sing nyekel pecute
jo malah kegeret mlayune jarane

aja padha keseret ngalor lan aja padha keseret ngidul
aja padha keseret ngetan lan aja padha keseret ngulon
sing mencit methithit
langener ing langit
manunggal marang pangeranmu
muliha menyang kandang
yaiku keblat papat thukul lima pancermu

sang lindung, aku ora duwe ingkung
sang lindung, aku aja digawe bingung
kaki danyang, nini danyang
jaran kepangku balekna ngandhang

rem.. jaranmu tansah merem
mung sliramu sing weruh ana ing tuju
we.. jaranmu tansah luwe
mung sliarmu sing weruh ana ing wates
su.. jaranmu tansah nepsu
mung sliramu sing weruh ana ing prelu

yen gelem diseret jaranmu
ngluwihi tujumu, watesmu lan prelumu
sira bakal ora weruh ing tuju

ora weruh ing wates
ora weruh ing prelu
tujumu, watesmu, prelumu
yaiku tetelu, keblat begjane uripmu

sang lindung, aku ora duwe ingkung
sang lindung, aku aja digawe bingung
kaki danyang, nini danyang
jaran kepangku balekna ngandhang

amek banyu apepikulan warih
jaranmu iku jaran banyu
aja numpak yen sliramu
durung weruh segering banyu

amek geni adedamaran
jaranmu iku jaran geni
aja numpak yen sliramu
durung weruh padhanging geni

apa kang ginayuh ing wektu
bakal kasembadan yen sliramu
apepikulan segering atimu
lan dedamaran padhanging budimu

sang lindung, aku ora duwe ingkung
sang lindung, aku aja digawe bingung
kaki danyang, nini danyang
jaran kepangku balekna ngandhang

sang lindung leyang arane kepang
sang lindung kidang arane jaran
ajiku si waringin sungsang
kinubeng ing kumbala geni

pyur ilang dadi banyu putih
wujud tunggal waluya jati
sira muliha nang negaramu
ing watu kayu iku

mutmainah jaran putihmu
lumepasna kakeremanmu
amarah jaran abangmu
singkirna angkara murkamu
supiyah jaran kuningmu
tebihna alane gegayuhanmu
aluamah jaran irengmu
luwarna srakahe wetengmu

sang lindung, aku ora duwe ingkung
sang lindung, aku aja digawe bingung
kaki danyang, nini danyang
jaran kepangku balekna ngandhang

0 comments:

Posting Komentar

JHF

--------> Jogja Hip Hop Foundation Blog <--------

Owner

"Created By : Adhie Van Ferrinas"