Semar Mesem Romo Mendem 12. Jula Juli K-Pop

pengen gingseng anane klapa
bareng diombe marai lega
jare gangnam kok mangane tela
macak K-Pop kok jebule jawa

mangan bothok godhong tela
kodhok kongkang mie pinagsia
aku kemropok atiku gela
jaran kepangku dipek malaysia

jaran kepang, warisane nenek moyang
mula kudune dirumat lan disayang
pirang-pirang abad dadi kesenian rakyat
menghibur wong susah wong cilik lan melarat

kabeh seneng-seneng lali susahe
jarane kesurupan lali utange
di negeri sendiri tanpa aji
bareng dimaling kabeh sok peduli

jaran kepange nganggur dadi TKI
mentrine kesurupan malah ngimpor sapi
sapine sipit tur jenggotan
jaran kepangku sayang sungguh malang

pengen gingseng anane klapa
bareng diombe marai lega
jare gangnam kok mangane tela
macak K-Pop kok jebule jawa

awan-awan nonton jathilan
sing main ndadi mangani kembang
dadak pitike disosor pawang
pawange ndadi melok kesurupan

saiki kabeh padha latihan
latihan tari karo do senam
sename senam gayane gangnam
uwong-uwong padha kedanan

ana arek rupane ayu
bluse ketat wernane biru
kacamata ireng entas tuku
rokke cekak pamer pupu

areke seneng temenan
mlumpat-mlumpat style gangnam
tangane obah dhut-kedhutan
rasane kaya numpak jaran

jarane dudu kepang
impor jenenge gangnam
gaya K-Pop koreanan
rambute dicet abang

tambah suwe tambah rame
areke wedok pececa-pecece
deleweran metu kringete
lambene pucet ilang gincune

srengengene lunga saka wetan
tambah dhuwur tambah awan
areke kepanasan
cucul klambi ora tahan

ketok BH-ne abang
areke kesurupan
jare kesurupan gangnam
kok ndadine jaran kepang

pengen gingseng anane klapa
bareng diombe marai lega
jare gangnam kok mangane tela
macak K-Pop kok jebule jawa

jarane mlayu ninggal lapangan
cepet-cepet menyang prapatan
mumpung bangjone rung murup abang
areke nggabung klompok jathilan

ndadine gangnam kok njaluk krupuk
ngremus ngetemel muni kriyak-kriyuk
terus goyange kok ngenak-nyenuk
nyakoti sajen, sajen jeruk purut

nggawa batok lambene nyatis
njaluk duwit ro nylekutis
wong sing nonton padha meringis
jare K-Pop malah ngemis

lampu bangjone uwis meh abang
do jaga-jaga arep ninggal prapatan
maune nggayane tarine gangnam
jebule saiki ngringik njaluk saweran

tambah ndadi BH-ne mlorot
warnane abang pating pecothot
uwing sing nonton matane mlotot
themone ndhodhok rokke meh copot

arep gangnam apa jathilan
nek ndadi kabeh dha mekangkang
mbuh jawa apa korea slatan
nek ndadi yo dhemit jaran

mulane aja dha gumunan
gangnam iku mek jaran kepang
nek kabeh dha kesurupan
narine gangnam kaya wong edan

bareng sadar bocahe njaluk bali ning korea slatan
diterke mulih ngetan
jebul omahe mung pasar kembang

pengen gingseng anane klapa
bareng diombe marai lega
jare gangnam kok mangane tela
macak K-Pop kok jebule jawa

0 comments:

Posting Komentar

JHF

--------> Jogja Hip Hop Foundation Blog <--------

Owner

"Created By : Adhie Van Ferrinas"