Semar Mesem Romo Mendem 13. Sembah Raga

dudu sembah sukma
dudu sembah rasa
nanging aku arep nglakoni
nglakoni sembah raga


ragaku iki sukmaku, ragaku iki rasaku
kowe kena ora nggugu ning aja maido aku
sukma iku semar, rasa iku samar
dadi wong sing sabar, aja waton sangar

ning aku ra bakal tekan liwat dalan samar
merga kahanan saiki rekasa diudhar
yen aku ora tekenan ragaku sing kasar
lan uga tansah kelingan tinemu ing nalar

ragaku dudu pepalang lan dudu alangan
mula ragaku tak eman njaga kasarasan
ragaku iku dalaning nggayuh kasampurnan
ninga dudu kasampurnan urip kang nyembah kadonyan

dudu sembah sukma
dudu sembah rasa
nanging aku arep nglakoni
nglakoni sembah raga


alusing sukmaku, coba tak rogohe
supaya isa ngrogoh, kepiye carane
yoiku dadi raga, ngrogohe ning kene
ngrogoh sukma dadi raga yoiku tegese

raga sok kesasar, kudu wani sabar
agal kasar sabar, kudu wani badhar
raga cilik ringkih, ojo sok gumedhe
kudu ngati-ati, ben apik wekasane

sukma arep tak rogoh, ragaku sing tak trima
aja dha seneng goroh, lan tumindak culika
karepe ngrogoh sukma, malah nemoni raga
yo uwis ora papa, kuwi tetep tak tampa


dudu sembah sukma
dudu sembah rasa
nanging aku arep nglakoni
nglakoni sembah raga


asor sing, tegese, kaandhapasoran
sukma singaluhur, sukmaning kamulyan
bakal luhur mulya yen isa legawa
ora bakal mulya yen mung dha sulaya

dalan kamulyan, nyirik kadonyan
jo nganti doyan, rugining liyan
rasah dipingin, rasah dipangan
golek katresnan, ngayuh kaswargan

tak rogoh, sukmaku, tak trima, ragaku
ragaku, yaiku, aku lan, nepsuku
aku nemu sukma, sing tekenan raga
ya kuwi, sakjane, sejatining rasa

0 comments:

Posting Komentar

JHF

--------> Jogja Hip Hop Foundation Blog <--------

Owner

"Created By : Adhie Van Ferrinas"